Ucapan Selamat Idul Fitri bahasa Jawa Terbaru 2015

Mlaku-mlaku ning Malioboro, Menawi sayah numpak becak luwih sekeca
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya, Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura
==========================

Numpak andhong ning Kotagede, tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe, nyuwun kawelasan sampean ampuni.
==========================

Gunung Merapi, Gunung Merbabu, tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu,  njaluk samudra pangapuramu kang jembar.
==========================

Nagara tentrem amarga para satria pinandhita, bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura,  Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa.
===========================

Ning gunung ketur tuku bolah, kanggo ndondomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah, nafsu amarahku sing gawe bubrah.
===========================

Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang, wegah sangu payung amarga ngrepoti
Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang,  kita raketke pasederekan ing dina riyadi.
============================

Pitik kate rupane putih, Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih, hawa-nafsu dikendali kanthi tobat
============================

Gunung Imogiri papan rekreasi, sade selendang mbok menawa payu
Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni, mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu
==========================

Dudu sanak dudu kadang, nek kepentung prayoga dicaosi pitulung
Lebaran kula sowan eyang, dosa kalangkung nyuwun diparingi ampun
==========================

Gundul-gundul pacul maculi kalen, ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen
Gawe bludrek menawi luputku di simpen, langkung sekeca menawi kersa maringi pangapunten
==========================

Ing dina fitri punika, sampun lepas mantol kula, sampun mengkup payung kula,
sampun ndaplang tangan kula, siap klebus diudani pangapura, saking ati andika ingkang sajembar samudra, sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula,
Tan kena udan pangapura andika reda, sakdurunge nglunturake sakabehe dosa,
Tan kena srengenge ngetokke sinarira,  sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
============================

Macan tutul ngoyak menjangan, pratanda hukum keseimbangan alam, cacah menjangan disuda ben ora rebutan pangan. Dina lebaran kula nyuwun kawelasan, panjenengan ingkang kagungan ati jembar kaya lapangan, sudi maringi kula pangapura tumrap sadaya kalepatan.
==========================

Naliko burung hantu pada dipulut, tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut.
Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput, sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.

Comments

Popular posts from this blog

Nisa Kusumawati SMK PBB Arjasari

Suci Sayydah SMK PBB Arjasari Bandung

Ucapan Lebaran Bahasa Sunda Terbaru 2015